Menu ✖

Mode Gelap
Kebo lan Tukang Sapu GROJOGAN RORO KUNING GADIS KUDIS LAN MANUK GAGAK: Legenda Kali Banyu Umbul Gedung Juang 45 Nganjuk Terdaftar sebagai ODCB Nasional, Sarat Makna Perjuangan dan Sejarah Kemerdekaan Jejak Manusia Prasejarah di Nganjuk: Menhir Ditemukan di Punden Sendang Agung Berbek Fosil Stegodon Tritik di Bandung, Nganjuk Dapat Replika

Dongeng

Kebo lan Tukang Sapu

badge-check


					Gambar babagan kebo lan tukang sapu Perbesar

Gambar babagan kebo lan tukang sapu

Crita katulis dening Sukadi

Jaman biyen, ana sawijining kraton kang dipimpin dening raja sing kondhang otoritèr lan kejem. Raja mau dibantu dening patih sing uga ora duwe rasa welas asih. Para pegawai kraton lan rakyat uripe padha nandhang sangsara. Gaji pegawai mung sithik, dene rakyat diwajibake mbayar pajeg nganti separo saka bandha sing diduweni. Sapa wae sing wani mbantah utawa ora bisa nindakake jejibahan, mesthi bakal oleh paukuman.

Sawijining dina, ana kebo gedhe lungguh ing ngarep lawang kraton. Para prajurit lan pejabat wis nyoba ngusir, nanging ora ana siji wae sing kasil. Kebo mau malah tetep lungguh lan mbuwang klethong nganti ambune nyebar tekan njero kraton.

Sang raja nesu banget, banjur dhawuh marang patih supaya nganakake sayembara.

“Sapa wae sing bisa ngusir kebo kuwi, bakal takwenehi bebungah gedhe!” pangandikane raja.

Nanging, ora ana wong sing wani melu amarga padha wedi yen gagal bakal oleh paukuman.

Sawise sawetara dina, raja nambah janji bebungah dadi kaping pindho lan ora bakal ngukum sing melu sing gagal. Pungkasane, ana satus wong sing gelem melu sayembara.

Sing melu kapisan yaiku algojo kraton sing awake gedhe lan kebak otot. Dheweke nggawa pedhang gedhe lan nyoba medeni kebo. Nanging kebo tetep ora obah. Senapati perang uga nyoba narik kebo nganggo tali gedhe, nanging tetep gagal. Siji mbaka siji sing melu sayembara ora ana sing kasil.

Nganti pungkasane tekan giliran sing melu kaping satus. Dheweke mung wong tuwa sing awake kuru, nganggo klambi lusuh. Dheweke saben dina nyambut gawe dadi tukang sapu kraton.

Weruh wong tuwa mau maju, algojo ngguyu ngece.

“Heh, wong tuwa! Aku sing awake gedhe wae ora bisa ngusir kebo kuwi. Apa kowe sing awake kuru bisa?”

Wong tuwa mau mung mesem.

“Nyuwun pangapunten, kula namung badhe nyobi. Menawi gagal, kula sampun siyap nampi risikonipun. Nanging kula kepengin ngélingaké, bilih panguwasa kedah nggatekaké nasib rakyat cilik,” wangsulane.

Sang raja sing ndeleng saka jendhela kraton banjur dhawuh, “Ya wis, enggal tindakna!”

Tukang sapu mau nyedhaki kebo, banjur ngrangkul gulune lan mbisikake sawijining ukara ing kupinge.

Ajaib! kebo kasebut dumadakan nangis nganti eluhe mili deres.

Kabeh wong sing ndeleng padha gumun lan trenyuh. Sang raja lan patih uga melu nangis.

Ora let suwe, tukang sapu mau mbisikake maneh ing kupinge kebo. Nanging saiki kebo malah ngguyu ngakak nganti sirahé digoyang-goyangake. Kabeh wong, kalebu sang raja, melu ngguyu.

Kanggo kaping telune, tukang sapu ngrangkul gulu kebo lan mbisikake maneh. Durung nganti rampung, kebo langsung ngadeg lan mlayu banter ninggalake plataran kraton.

Kabeh wong padha gumun. Patih banjur takon marang tukang sapu.

“Apa sing kokbisikake marang kebo mau nganti bisa nangis, ngguyu, lan pungkasane mlayu?”

Tukang sapu banjur matur kanthi sopan.

“Ingkang kapisan, kula nyarios bilih sampun sèket taun nyambut damel dados tukang sapu wonten ing kraton menika, nanging dereng nate munggah pangkat. Gaji kula namung cekap kangge nedha lan tumbas sabun. Amargi boten gadhah bandha, kula boten wani omah-omah.”

Sang raja mung ngrungokake kanthi tenanan.

“Banjur apa sing kokbisikake nganti kebo mau ngguyu?” pitakone raja.

Tukang sapu mangsuli, “Kula mbisikaken bilih wiwit wulan ngajeng gaji kula badhe dipuntambah gangsal persen lan kula kepengin omah-omah.”

Raja lan para pejabat wiwit mesem.

“Lha, banjur apa bisikanmu sing kaping telu?” pitakone patih.

Tukang sapu mangsuli kanthi polos.

“Kula namung nyuwun pirsa dhateng kebo menika, apa piyambakipun purun omah-omah kaliyan kula. Nanging dereng rampung kula matur, kebo wau sampun mlayu keweden.”

Krungu wangsulane tukang sapu, sang raja, patih, lan kabeh pejabat kraton melu ngguyu ngakak.

Nanging, ing walike guyonan mau, sang raja wiwit sadhar marang kaluputane. Dheweke ngerti yen sajrone iki wis tumindak ora adil marang pegawai lan rakyat.

Wiwit dina kuwi, raja banjur ngowahi tata pamrentahane dadi luwih adil. Gaji para pegawai ditambah lan saben wong diwenehi tugas manut kaprigelane. Tukang sapu sing wis kasil ngusir kebo uga diwenehi bebungah gedhe lan pensiun kanggo jaminan urip ing dina tuwane.

Sang raja banjur ngendika marang tukang sapu, “Matur nuwun. Kowe wis menehi piwulang sing gedhe marang aku. Saiki aku ngerti yen wong cilik uga bisa nduweni kawicaksanan sing ora diduweni para pejabat.”

Tukang sapu banjur matur, “Mugi-mugi Gusti Raja tansah adil lan nggatekake nasibipun rakyat.”

Wiwit kuwi, kahanan kraton dadi luwih tentrem lan rakyat bisa urip luwih ayem.

Piwulang saka Crita

Aja ngremehake wong liya mung amarga penampilane prasaja, pangkate asor, utawa uripe mlarat. Saben wong mesthi nduweni kaluwihan dhewe-dhewe. Kadhangkala, wong cilik malah bisa menehi piwulang gedhe marang wong sing nduweni kuwasa.

Panguwasa sing becik yaiku panguwasa sing adil, gelem ngrungokake swarane rakyat, lan nggatekake nasibe wong cilik.

 

 

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Baca Lainnya

GROJOGAN RORO KUNING

24 November 2026 - 12:42 WIB

GADIS KUDIS LAN MANUK GAGAK: Legenda Kali Banyu Umbul

24 November 2026 - 12:36 WIB

Trending di Dongeng