Menu ✖

Mode Gelap
Kebo lan Tukang Sapu GROJOGAN RORO KUNING GADIS KUDIS LAN MANUK GAGAK: Legenda Kali Banyu Umbul Gedung Juang 45 Nganjuk Terdaftar sebagai ODCB Nasional, Sarat Makna Perjuangan dan Sejarah Kemerdekaan Jejak Manusia Prasejarah di Nganjuk: Menhir Ditemukan di Punden Sendang Agung Berbek Fosil Stegodon Tritik di Bandung, Nganjuk Dapat Replika

Dongeng

GADIS KUDIS LAN MANUK GAGAK: Legenda Kali Banyu Umbul

badge-check


					Gambar bocah gudig karo manuk gagak Perbesar

Gambar bocah gudig karo manuk gagak

(Dongeng Rakyat saka Desa Bangle, Kecamatan Lengkong, Kabupaten Nganjuk – Crita iki katulis dening Sukadi)

Ing jaman biyen, ana sawijining desa cilik sing diubengi alas kang isih jembar lan rungkud. Ing desa kono urip sawijining bocah wadon kang nasibe kurang begja. Awake kebak penyakit gudhigen. Kulite gatel, kebak koreng lan tatu.

Amarga kahanane kaya mangkono, kanca-kanca sapadha-padhane padha ora gelem dolanan karo dheweke.

Saben bocah wadon iku nyedhaki bocah-bocah sing lagi dolanan, mesthi padha nyingkiri.

“Eling, aja cedhak-cedhak! Mengko penyakitmu nular!” bengoke salah sawijining bocah.

Bocah wadon iku mung bisa ndhungkluk. Mripate kebak luh.

“Aku ya kepengin duwe kanca. Aku ya kepengin dolanan bareng kaya kowe kabeh,” pangucape lirih karo nangis.

Nanging ora ana siji-sijia sing gelem ngrungokake sambate.

Mung ana manuk gagak siji sing tansah gelem ngancani dheweke. Manuk gagak iku ditemokake nalika bocah wadon mau mlaku-mlaku ing tengah alas sing akeh wit-witan lan tanduran empon-empon bangle.

Wiwit dina iku, bocah wadon lan manuk gagak mau dadi kanca raket.

“Hei, Gagak! Geneya kowe gelem kekancan karo aku?” pitakone bocah wadon.

“Kruak… kruak…!” manuk gagak mangsuli karo mencok ing pundhake.

Bocah wadon iku mesem.

“Oalah, mbok menawa kowe pancen ora preduli karo penyakitku. Matur nuwun, Gagak. Mung kowe siji-sijine kancaku.”

Wiwit kuwi, menyang ngendi wae bocah wadon iku lunga, manuk gagak mesthi melu mabur ing sadhuwure wit-witan.

 

Sumber Banyu Aneh ing Tengah Alas

Ing sawijining esuk, ibune dhawuh marang bocah wadon mau supaya njupuk banyu ing kali sing panggonane rada adoh saka omah.

“Anakku, kana menyang kali. Ibu butuh banyu kanggo masak,” ujare ibune.

“Inggih, Bu. Aku enggal bali.”

Bocah wadon iku banjur njupuk jun, yaiku wadhah saka lemah lempung sing digunakake kanggo nggawa banyu. Dheweke banjur mlaku ngliwati dalan cilik ing tengah alas.

Kaya adate, manuk gagak kesayangane uga melu mabur ing sadhuwure wit-witan.

“Gagak, kancanana aku, ya. Aku wedi yen mlaku dhewekan.”

“Kruak… kruak…!” wangsulane manuk gagak.

Sawise mlaku cukup adoh, pungkasane tekan ing pinggir kali.

Bocah wadon iku nyelehake jun ing pinggir kali. Nanging amarga krasa kesel, dheweke banjur dolanan banyu dhisik.

Dumadakan keprungu swara manuk gagak kang banter banget.

“KRUAK… KRUAK… KRUAK!”

“Geneya, Gagak? Ana apa?” pitakone bocah wadon.

Manuk gagak terus muni karo mabur mubeng-mubeng ing sadhuwure kali.

“Apa ana apa-apa ing kana?”

Bocah wadon iku banjur ngetutake arah mabure manuk gagak.

Dheweke kaget banget nalika weruh banyu saka njero kali muncrat dhuwur banget. Semburane munggah menyang awang-awang kaya banyu mancur.

“Astagaa! Banyu apa iki? Geneya bisa muncrat dhuwur kaya mangkono?”

Dheweke nyedhaki alon-alon.

Nalika tangane dicelupake ing banyu, dheweke ngrasakake yen banyu iku anget.

“Wah, jebul banyune anget!”

Banjur banyu iku dicicipi sithik.

“Lho, kok rasane asin?”

Nanging ana kedadeyan liyane sing luwih nggumunake.

Nalika banyu anget mau ngembani kulite, rasa gatel sing wis suwe nyiksa awake alon-alon wiwit ilang.

“Hei, Gagak! Delengen! Kulitku wis ora gatel maneh!”

Manuk gagak ngepakake swiwine.

“Kruak… kruak…!”

Bocah wadon iku ngguyu bungah.

“Matur nuwun, Gagak! Kayane kali iki pancen nduweni kaistimewan.”

Dheweke banjur terus adus lan kungkum ing sacedhake sumber banyu anget mau nganti lali wektu.

Srengenge saya mudhun ing sisih kulon. Bocah wadon iku lagi kelingan yen dina wis sore.

“Lho, wis sore! Ibu mesthi wis ngenteni aku.”

Dheweke enggal njupuk jun lan ngiseni banyu kali.

Jun Pecah lan Bocah Wadone Diusir

Nalika tekan omah, ibune wis ngenteni kanthi rai katon nesu.

“Kowe saka ngendi wae? Geneya suwe banget?”

“Nyuwun pangapunten, Bu. Mau aku nemokake sumber banyu sing aneh banget.”

“Wis, wis! Cepet wenehana banyune. Ibu arep masak.”

Nanging nalika ibune nyicipi banyu ing njero jun, raine dumadakan malih.

“APA IKI? Geneya banyune asin?”

Bocah wadon iku dadi wedi.

“Nyuwun pangapunten, Bu. Aku ora ngerti. Pancene banyune rasane asin.”

Ibune saya nesu.

“Kowe iki kepriye ta? Ibu dhawuh njupuk banyu tawar, dudu banyu asin!”

“Nanging, Bu…”

“Meneng! Kowe iki saben dina mung gawe repot!”

Kanthi kebak nesu, ibune banjur mbanting jun nganti pecah dadi sawatara beling.

“PRAKKK!”

Bocah wadon iku kaget lan langsung nangis.

“Bu, ngapura aku. Aku ora sengaja.”

Nanging ibune ora nggatekake tangise.

“Wis, lunga kana! Aja bali sadurunge bisa nggawa banyu tawar!”

“Bu… wis meh wengi. Aku wedi…”

“Pokoke lunga!”

Bocah wadon iku meneng. Luh tumetes mili ing pipine.

Dheweke nyawang ibune kanthi rasa sedhih banget.

“Inggih, Bu. Yen pancen Ibu wis ora ngarep-arep aku ana ing omah iki, aku bakal lunga.”

Manuk gagak banjur nyedhaki lan mencok ing pundhake.

“Kruak… kruak…”

Bocah wadon iku ngelus-elus endhase manuk gagak.

“Mung kowe sing isih gelem ngancani aku, Gagak.”

Wengi iku uga dheweke ninggalake omahe tanpa nggawa sangu apa-apa.

Wengi saya peteng. Alas kebak swara kewan-kewan wengi.

Bocah wadon iku mlaku karo nangis.

“Gagak, aku luwe. Aku uga kademen.”

Manuk gagak mabur endhek, kaya ngajak dheweke supaya terus mlaku.

“Apa kowe ngerti dalan menyang kali mau?”

“Kruak… kruak!”

Pungkasane, dheweke tekan maneh ing panggonan sumber banyu anget mau.

Bocah wadon iku lungguh ing pinggir kali.

“Ing kene wae ya, Gagak, awake dhewe manggon. Mbokmenawa papan iki luwih becik tinimbang omahku.”

 

Sang Gadis Nemokake Kasembuhan

Dina ganti dina.

Bocah wadon iku manggon ing sacedhake sumber banyu anget mau. Dheweke banjur gawe bolongan-bolongan cilik ing lemah kanggo nampung banyu.

Bolongan kapisan digawe minangka tandha yen dheweke wiwit manggon ing panggonan iku.

Dina candhake dheweke gawe bolongan kapindho.

Banjur bolongan katelu, kaping papat, lan sateruse.

Tanpa krasa, wis ana sangang puluh bolongan sing kasil digawe.

Saben dina dheweke adus lan kungkum ing banyu anget.

Aneh nanging nyata, penyakit gudhigen sing wis suwe nutupi awake alon-alon wiwit mari.

Kulite dadi resik. Tatu-tatune ilang. Pasuryane saya ayu.

Dene banyu sing nglumpuk ing bolongan-bolongan cilik mau suwe-suwe malih dadi kristal putih. Bareng didelok kanthi tliti, jebul kristal mau arupa uyah.

Ing sawijining dina, bocah wadon iku nyawang awake dhewe.

“Gagak… delengen! Penyakitku wis mari!”

Dheweke nangis amarga bungah.

“Yen kanca-kancaku weruh aku saiki, mbokmenawa dheweke ora bakal nyingkiri aku maneh.”

Manuk gagak ngepakake swiwine.

Bocah wadon iku banjur ngrangkul manuk gagak mau.

“Matur nuwun, Kancaku. Nalika kabeh wong padha nyingkiri aku, mung kowe sing tetep gelem ana ing sandhingku.”

 

Bali menyang Omah

Wis pirang-pirang sasi bocah wadon iku manggon ing sacedhake sumber banyu anget.

Ing sawijining esuk, dheweke mutusake arep bali menyang omahe wong tuwane.

Dheweke njupuk saperangan uyah saka bolongan-bolongan cilik mau, banjur dibungkus nganggo godhong bangle.

“Gagak, aku kepengin mulih. Aku kepengin ketemu maneh karo Bapak lan Ibu.”

Manuk gagak muni.

“Kruak… kruak…”

“Ayo, kancanana aku sepisan maneh.”

Bocah wadon lan manuk gagak banjur mlaku ngliwati alas nganti tekan omahe wong tuwane.

Nalika ibune mbukak lawang, dheweke kaget weruh ana bocah wadon ayu ngadeg ing ngarepe.

“Sapa kowe?”

Bocah wadon iku mesem karo nangis.

“Bu… iki aku. Anakmu.”

Ibune meneng sawetara wektu.

“Anakku?”

“Inggih, Bu. Aku wis mulih.”

Ibune nyawang pasuryan lan awake bocah wadon iku. Wis ora ana maneh penyakit gudhigen kaya biyen.

“Ya Gusti! Apa bener iki anakku?”

Bapake sing krungu swara rame banjur enggal metu saka njero omah.

“Ana apa? Sapa bocah wadon iki?”

“Pak… iki anake dewe!”

Bapake kaget.

“Anakku! Kowe isih urip!”

Bocah wadon iku banjur ngrangkul bapake.

“Pak, aku wis mulih.”

Ibune nangis karo nyekel tangane anak wadone.

“Ngapurana Ibu, Nak. Ngapurana Ibu amarga biyen wis ngusirmu.”

Bocah wadon iku mung bisa nangis.

“Ibu, aku wis ngapura.”

Ibune saya kenceng ngrangkul anak wadone.

“Sejatine Ibu ora kudune tumindak kaya mangkono marang kowe.”

Banjur bocah wadon iku njupuk bungkusan godhong bangle.

“Bu, aku nggawa barang saka kali.”

“Apa kuwi, Nak?”

“Uyah, Bu. Iki uyah sing kawangun saka banyu kali panggonan aku manggon.”

 

Kali Banyu Umbul Dadi Sumber Panguripan

Kabar ngenani uyah sing digawa bocah wadon mau banjur sumebar menyang saindenging desa.

Warga padha teka kanggo ndeleng kanthi mripat dhewe.

“Apa bener uyah iki asale saka kali ing tengah alas?”

“Iya, bener. Banyune asin lan anget. Kadhangkala malah muncrat dhuwur menyang awang-awang.”

“Yen mangkono, ayo padha menyang kana!”

Wiwit dina iku, akeh warga padha bebarengan menyang kali kasebut.

Warga padha nggawa banyune kanggo diolah dadi uyah.

Uyah mau banjur didol utawa diijolake karo beras lan kabutuhan urip liyane.

Kali sing biyen mung dadi papan panggonan bocah wadon apes golek tamba, saiki malih dadi sumber panguripan tumrap masyarakat.

Alas sing kebak tanduran empon-empon bangle iku banjur dikenal kanthi jeneng Desa Bangle.

Dene kali sing banyune bisa muncrat dhuwur lan rasane asin mau dikenal kanthi jeneng Kali Banyu Umbul utawa Kali Banyu Asin.

Nanging ana siji bab sing ora tau dilalekake dening bocah wadon mau.

Ing sawijining sore, dheweke lungguh ing pinggir kali bebarengan karo manuk gagak.

“Gagak, apa kowe ngerti? Biyen aku teka ing panggonan iki amarga diusir saka omah.”

Manuk gagak meneng, kaya ngrungokake pangucape.

“Yen wektu kuwi kowe ora gelem ngancani aku, mbokmenawa aku ora bakal bisa nemokake panggonan iki.”

Dheweke ngelus-elus endhase manuk gagak.

“Kowe pancen mung manuk gagak. Nanging rasa tresnamu lan kasetyanmu luwih gedhe tinimbang rasa tresnane akeh manungsa.”

“Kruak… kruak…”

Bocah wadon iku mesem, nanging mripate katon berkaca-kaca.

“Gagak, aja ninggalake aku, ya, Kancaku.”

Manuk gagak banjur ngepakake swiwine lan mencok maneh ing pundhake.

Srengenge alon-alon angslup ing sakwalike wit-witan alas Bangle.

Banyu Kali Banyu Umbul terus mili, kaya isih nyimpen crita sedhih ngenani bocah wadon sing biyen dibuwang, nanging pungkasane bisa nemokake kabungahan.

 

Crita iku dadi pangeling-eling tumrap sapa wae, yen kabecikan lan kasetyan bisa tuwuh saka sapa wae, sanajan saka makhluk cilik sing kerep dianggep ora ana gunane.

Piwulang lan Pesen Moral

  1. Aja seneng ngina utawa ngucilake wong liya mung amarga nduweni kekurangan fisik. Saben manungsa nduweni drajat lan kaluwihan dhewe-dhewe.
  2. Persahabatan sejati ora diukur saka rupa lan penampilan. Kasetyan manuk gagak marang bocah wadon dadi tuladha yen katresnan lan kekancan sejati ora mbutuhake pamrih.
  3. Aja gampang nesu marang anak, luwih-luwih nganti ngusir anak saka omah. Wong tuwa kudu bisa menehi pangerten, pangapura, lan katresnan.
  4. Sabar lan tabah nalika ngadhepi pacoban urip. Kadhangkala dalan kang kebak kasangsaran malah bisa nuntun manungsa marang kabegjan.
  5. Alam nyimpen akeh paedah kanggo panguripan manungsa. Mula, lingkungan alam kudu dijaga, dirumat, lan dilestarekake supaya tetep bisa menehi manfaat tumrap generasi sabanjure.

 

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Baca Lainnya

Kebo lan Tukang Sapu

24 November 2026 - 13:08 WIB

GROJOGAN RORO KUNING

24 November 2026 - 12:42 WIB

Trending di Dongeng