(Crita katulis dening Sukadi)
Jaman biyen, ana sawijining kraton karan Kahuripan kang dipimpin dening raja Airlangga. Raja Airlangga kagungan putra telu cacahe, ya kuwi; Sanggramawijaya Tunggadewi, Grasakan lan Jitendra.

Samangsa wis ngunduri sepuh, Airlangga maringake kraton Kahuripun marang putrine sing mbarep, ya kuwi Sanggramawijaya Tunggadewi. Sabanjure, Raja Airlangga kepingin mandito, oncat saka jagade bebrayan. Nanging Sanggramawijaya Tunggadewi nolak, ora gelem dadi raja, nanging milih dadi Dewi Kili kang suci, seneng tapa ana papan kang wingit. Mangka, kasebut Dewi Kili Suci.
Sabanjure, Kraton Kahuripan diparingake adhine sak kloron, ya kuwi Grasakan lan Jitendra. Kraton Kahuripan kaperang dadi loro, ya kuwi Kraton Jenggala diparingake marang Grasakan lan Panjalu diparingake marang Jitendra.
Sawijining dina, Dewi Kili Suci katon susah, jalaran duwe lara sing aneh. Awak sakojur ambune amis. Mula, ora ana kanca-kancane sing gelem ngancani. Sabanjure, Dewi Kili Suci budal mertapa ana sak ngisore Gunung Wilis, tlatah Bajulan.
Ana Bajulan, Dewi Kili Suci ketemu Resi Darmo kang mengkoni tlatah desa cilik sak ngisori Gunung Wilis mau.
Dewi Kili Suci crita, yen duweni lara aneh, awake sak kojur ambune amis.
“Kula badhe nyuwun tulung, supados lara kula saget enggal saras,” ature Dewi Kili Suci marang Resi Darmo.
“Aku ngerti, sapa sejati ki sanak. Mula, aku kudu paring pitulungan karo sang dewi,” wangsulane Resi Darmo.
Dewi Kili Suci banjur dijak ana sawijining papan kang sepi tur asri. Ya kuwi ana ing grojogan pitu.
“Sang Dewi kudu gelem mertapa kungkum ana sak ngisore pitung grojogan, sesasi lawase, nyuwun sihing Gusti, supaya enggal dhangan,” ature Sang Resi Darmo.
“Sendiko dawuh sang resi, benjing punapa kula saget bidhal?,” wangsulane Dewi Kili Suci.
Sakala, Dewi Kili Suci budhal mertapa ana sak ngisore pitung grojogan, siji baka siji dicemplungi.
Sesasi, Dewi Kili Suci anggone nglakoni mertapa kungkum ana sak ngisore grojogan pitu cacahe. Nyandhak grojogan kang kaping pitu, sakala warga Bajulan digawe geger. Amarga, para warga akeh kang meruhi, ana putri ayu, kulite kuning, rambute dawa, kungkum ana sak ngisore grojogan. Grojogan mau, asring digawe adus warga Bajulan utawa golek banyu digawe masak.
Pirang-pirang dina, putri kang kulite kuning mau ora nate lunga teka papan grojogan mau. Warga mau keweden, jare ana widodari adus ana ing grojogan. Banjur wara-wara, yen papan grojogan mau ana widodari kang kulite kuning adus ora mentas-mentas.
Saka kedadean widodari ayu kang kulite kuning adus ana sak ngisore grojogan mau, sak banjure karan “Grojogan Roro Kuning.”
*Saka crita mau, bisa kanggo patuladan, menawa ora gampang pasrah marang kahanan. Apa sing dadi gegayuhan kudu diupadi, supaya kasil.













